Kamis, 31 Mei 2012

Sinopsis Novel : "Perjalanan Sunyi Bisma Dewabrata"


Buku kanthi irah-irahan “Perjalanan Sunyi Bisma Dewabrata” menika dipundamel dening Pitoyo Amrih. Dipun cetak wonten ing DIVA Press ing kutha Yogyakarta wulan Juni 2012. Cacahipun kaca inggih menika 476 kaca lan kagungan No ISBN : 978-602-955-737-4.
Buki menika nyariyosaken salah satunggaling tokoh ing jagad pewayangan ingkang ndadosaken raos pengin langkung mangertos babagan lampahing gesangipun, awit saking miyosipun, timuripun, nalika gandrung tumrap piyantun estri, sepuhipun dumugi sedanipun wonten ing palagan perang Bharatayuda, inggih menika Bisma.
Bisma Dewabrata inggih menika piyantun ingkang istimewa. Boten nate mengertos kapan miyosipun lan sinten saestunipun ibunipun. Raos tresnanipun ibunipun hangrasuk wonten ing swaranipun panggalih lan pamangihipun nalika anglampahi pangembaraan. Ananging Bisma pitados dene sejatosipun ibunipun inggih menika salah setunggaling dewi kanthi asma Dewi Jahnawi. Dewi Jahnawi milih caranipun sedane inggih menika njalma dados manungsa.
Bisma dipunrumat dening Dewi Durgandini, putri wonten ing Kerajaan Wirata. Bisma panci ksatria sejati,panjenengane ngawujudaken pangabdianipun tumrap Durgandini. Ingkang paling utama inggih menika janji Bisma kagem Durgandini supados putra kandungipun Durgandini ingkang dados pamangku tahta Hastinapura. Sumpahipun Bisma boten dados rajanipun Hastinapura sanajan Bisma kagungan hak. Lan sumpah boten badhe srawung kalih piyantun estri supados boten kagungan putra ingkang saged nyuwun Tahta Hastinapura. Lajeng Bisma namung mangembara kagem berguru ing Resi kangge maknani sejatosipun urip.
Saking sumpah wau, Bisma saged mangertos sajatine gesang niku anamung bekti. Bekti tumrap janji, tumrap kluwarga,tumrap sedulur, lan bekti marang kapercayaan ingkang sampun pinilih, bekti marang urip, uga bekti marang Gusti Pengeran. Ananging sumpah niku ugi dadosaken Bisma mateni Dewi Amba, putri ksatriya ingkang dipungandrungi Bisma.
Perang Bharatayuda ingkang dipunwiwiti denging Duryudana inggih menika perang ingkang ngecewakaken Bisma, ananging ugi perang ingkang dipuntenggo salawase gesangipun. Sebab perang wau Bisma saged milih caranipun seda. Sedanipum Bisma sebab panah ingkan dipunsotaken dening Srikandi, putri ksatria saking Cempalareja ingkang kagungan raga lan watak ingkang sami kaliyan Dewi Amba, lan namung Bisma lan Antasena ingkan mangertos babagan niku.
Lampahing gesangipun Bisma kang dhawa, boten wonten piyantun ingkang ngertos lebeting panggalihipun Bisma. Anamung Antasena ingkang langkung caket lan mangertos sinten sejatosipun Bisma.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar