Selasa, 01 Mei 2012

Rangkuman Serat Rijanta


Raden Mas Riyanta, putrane Pangeran Natasewaya lan Raden Ayu Natasewaya saking Surakarta. R.M. Riyanta ditinggal seda ingkang Rama nalika umur 4 taun. R.M Riyanta urip karo ibune lan adhi angkate, Raden Ajeng Marsam. R.M. Riyanta saya gedhe, pinter lan bagus rupane. Ibune rada meksa Mas Riyanta supaya gelem cepet rabi. Ananging Mas Riyanta durung gelem, amarga durung nemu calon kang cocog.
Sawijining dina, Riyanta ketemuan karo kancane, R.M. Duryat, lan di ajak ing Kumidhi Hindhu (pasar malem) ning alun alun. Tekan kana, R.M. Duryat mlebu ing papan hiburan mau, Mas Riyanta mung ngenteni ing njaba. Ora dinyana, papan kuwi kobongan. Kabeh wong pengen metu. Ora sengaja Riyanta katumbuk dening wong wadon. Mas Riyanta banjur nulungi wong wadon kuwi. Ditakoni sapa  jenenge lan ing endi umahe ora gelem sumahur. Karo Riyanta wong wadon mau di ajak maring romah makan. Ing kono Srini nyenengi tindak tanduking Riyanta, semana uga Mas Riyanta maring Srini. Ditiinggal Riyanta sedhela ing kolah wong wadon mau wis ora ana ing warung mau (wis bali karo wong tuwane, ananging Riyanta ora ngerti kedadean iki). Mas Riyanta mung ngarep arep wong wadon kuwi slamet.
Diceritaake, sawijining dina Mas Riyanta minggat amarga ana geseh karo ibune. Kabeh wong dikongkon nggoleki ananging ora kasil. R.A. Natasuwaya kelingan yen duwe kanca ing Tamansari asmanipun Dipati Pramayoga. Dipati Pramayoga sakaluwarga sowan marang Natasuwayan. Ing Natasuwayan kabeh padha crita, nganti tekan crita babagan Srini kepisah karo wong tuwane nalika ing kumidhi hindhu lan crita yen ditulugi karo wong lanang kang bagus lan alus budi, nanging ora takon sapa jenenge lan ing ngendhi omahe. Ing kana uga ibune Mas Riyanta sambat bab putrane kang minggat.
Bubar mlebu metu guwa guwa patilasan ing Merapi, Mas Riyanta menyang Bayalali, ketemu Mas Duryat. Mawi critane Mas Duryat, Mas Riyanta nemu titik terang babagan jatidirining wong wadon kang ditulungi biyen. Wayah awan Mas Riyanta menyang Tamansari, griyane Adipati Pramayoga. Saka critane Adipati lan garwane, Mas Riyanta tambah ngrasa manteb yen wong kang ditulungi nalika kobongan ing kumidhi hindhu biyen iku putrine Dipati Pramayoga yaiku Raden Ayu Srini. Ananging Dipati Pramayoga durung pirsa yen kang nulungi putrine saka kacilakan iku, Mas Riyanta. Sang Dipati mung pirsa yen  ditulungi karo wong lanang.
Srini ngirimaken layang marang ibune, kang isine angabarake yen Raden Ayu Natasewa nandang gerah. Mas Riyanta banjur bali lan manggihi ibune, lan uga ketemu Srini. Dheweke mung bisa ngguya ngguyu.
Srini lan Mas Riyanta isih isin isin yen ketemu, sejatine sajerone manah kekalih wis padha angrasa cocog, nanging durung wani crita marang wong tuwane.
Dicritaake, saya suwi Dipati Pramayoga ngerti yen wong lanang kang nulungi Srini iku Mas Riyanta. Sang Dipati duka karo putrine, lan ngrasa duwe utang karo Mas Riyanta.
 Wiwit wektu iku Srini lan Mas Riyanta banjur kerep ketemu, Mas Riyanta uga kerep sowan ing Tamansari. Sawijining dina, Dipati Pramayoga lan garwane rembugan babagan lamaraan lamaran kang kang dikirimake ing garwane, kang isine kapengen nglamar srini. Ananging Sang Dipati lan garwa ora sreg karo calon calon kang ana, lan nduweni angen angen bisa ngunduh mantu Mas Riyanta.
Sawijining wektu Mas Riyanta dijaluki pitulung karo Dipati Pramayoga amarga Sang Dipati arep duwe gawe. Piyambakipun ngendika yen Srini wis arep rabi. Krungu kabar mengkono atine Mas Riyanta remuk.
Mas Riyanta banjur ora tau sowan menyang Tamansari maneh. Sang Dipati lan Garwa gumun, getun karo tumindhake Riyanta. Banget tresnane Mas Riyanta marang Srini, piyambakipun banjur nggambar pasuryane Srini. Gambar iki konangan Marsam lan digawa maring karo Raden Ayu Natasewaya. Ing kene cetha kabeh apa kang dadi kakarepane Mas Riyanta. Ananging isih ana sing ngganjel, yaiku brita arep rabine Srini. Raden Ayu Natasewa banjur ngutus Marsam supaya sowan maring Tamansara kanggo mestheake kabar kuwi sinambi nggawa gambare Mas Riyanta mau.
Weruh gambar kang digawa Marsam Dipati Pramayoga ngerti apa kareping atine Mas Riyanta. Nalika Marsam bali ing Natasewayan, Marsam crita karo Mas Riyanta yen wong lanang kang nulungi Srini nalika kacilakan kumidhi hindhu, wis ketemu bakal dirabiake karo Srini. Atine Mas Riyanta bungah. Kabar rabining Srini kuwi jebule brita ngapusi, amarga ora ana calonne.
Ing Pungkasaning crita, R. M. Riyanta lan R. A. Srini dadi siji, sida krama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar