Selasa, 01 Mei 2012

Lawang Sewu


Lawang Sewu yaiku salah sawijining bangunan kuno tinggalan jaman Walanda kang kabangun ing taun 1904. Asale bangunan mau digunakake kanggo kantor utama perusahaan sepur jaman Walanda. Bangunan mau kasusun telung  tingkat lan nggunake arsitektur Walanda. Lawang  Sewu manggon ing sisih wetaning Tugu Muda Semarang, pojok dalan Pandanaran lan dalan Pemuda. Amarga duweni cacah lawang kang akih mula diarani Lawang Sewu. Kasunyatanipun, cacahe ora ana sewu. Nanging warga sekitar sering nyebut lawang sewu amarga duwe cendela duwur kang akih.
 
Senajan umure kang luwih saka 100 taun, Lawanga Sewu bangunane tetep endah, kuat ora kalah karo bangun-bangunan anyar jaman saiki. Ora mung endah, Lawang Sewu uga nduweni sejarah kang dawa ing perkembangan kutha semarang khususe. Diwiwiti dadi kantor utama Nederlansch Indische Spoorweg Maatscappij (NIS) lan kanggo asrama pegawe Walanda, lajeng kangge Penjara dening Serdadu Jepang. Perang 5 dina ing Semarang mapan ing Lawang Sewu.  Sawise Indonesia merdika Lawang Sewu dadi pusat pamarentahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar