Jumat, 08 Juni 2012

Resensi Novel Kanthi Basa Jawa



Perjalanan Sunyi
Bisma Dewabrata


            Buku kanthi irah-irahan “Perjalanan Sunyi Bisma Dewabrata” menika dipunserat dening Pitoyo Amrih. Kawedalaken wonten ing DIVA Press ing kutha Yogyakarta sasi Juni 2010. Buku menika dipunperang dados 28 bab lan cacahipun kaca inggih menika 476 kaca. Kanthi No ISBN : 978-602-955-737-4.
Buku menika nyariyosaken salah satunggaling tokoh ing jagad pewayangan babagan lampahing gesangipun, awit saking miyosipun, timuripun, nalika gandrung tumrap piyantun estri, sepuhipun dumugi sedanipun wonten ing palagan perang Bharatayuda, inggih menika Bisma.
Ingkang paling kondhang saking Bisma inggih menika kansenipun tumrap Ibunipun Dewi Durgandini babagan tahta Hastinapura. Panjenengane namung saged bekti tumrap Hastinapura lan ibunipun.
Perang Bharatayuda ingkang dipunwiwiti denging Duryudana inggih menika perang ingkang ngecewakaken Bisma, ananging ugi perang ingkang dipuntengga salawase gesangipun. Sebab perang wau Bisma saged milih caranipun seda. Sedanipun Bisma sebab panah ingkang dipunsotaken dening Srikandi, putri ksatria saking Cempalareja ingkang kagungan raga lan watak ingkang sami kaliyan Dewi Amba, piyantun estri ingkang dipungandrungi dening Bisma lan namung Bisma lan Antasena ingkan mangertos babagan niku.
Lampahing gesangipun Bisma kang dhawa, boten wonten piyantun ingkang ngertos lebeting panggalihipun Bisma. Anamung Antasena ingkang langkung caket lan mangertos sinten sejatosipun Bisma.
Buku inspirasional menika ngandharaken kanthi sae lan jangkep babagan lampahing gesangipun tokoh utamanipun ingkang heroik, tintrim lan dramatis. Cariyos babagan bekti ingkang saged dipunagem wonten ing uripipun kita. Hikmah ingkang saged dipunpundhut lan dipunagem wonten ing panguripan kita uga kathah. Pengarang ingkang sampun gandrung kaliyan jagad pewayangan wiwit alit lan demen mahami karakteristik tokoh-tokoh pewayangan saged damel cariyos ingkang digandrungi kathah piyantun. Ananging buku menika ugi wonten bentenipun kaliyan pakem-pakem pedhalangan babagan Perang Bharatayuda ingkang saged ndadosaken bentenipun pandhangan piyantun kathah, nanging basa ingkang dipunagem langkung gampil dipunpangertos dening para mudha. Nanging para pelajar kedah langkung teliti anggene mados acuan pembelajaran. Buku menika saged dipun waos dening para pelajar, mahasiswa serta para penikmat sastra pewayangan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar