Selasa, 01 Mei 2012

Crita Preinan


      Sedelok maneh wayahe bocah padha preinan. Aku ora kaya kanca-kancaku sing padha seneng arep preinan. Sebab aku meri karo kanca-kancaku kang bisa ngentekake wektu preinan kanthi lelungan karo kaluwargane ana ing panggonan kang apik lan nyenengake ati, nanging aku ora bisa kaya mengkono. Aku ngedumel ana ing batin “ Saumpamane bapakku ana wektu lan ora ubeg dhewe karo pagaweanne pasti bisa preinan ana ing panggonan kang apik lan nyenengake kaya kanca-kancaku.”. Nanging aku bingung lan banget penginne preinan karo kaluwargaku. Banget merine karo kanca-kancaku.
Amarga rasa penginku kang gedhe sidane aku matur marang bapaku. “Bapak, kula pengin preinan sareng kalih kaluwarga sedaya ing panggonan kang apik lan nyenengake. Punapa bapak saged?”. Kanthi mirik bapak terus jawab, “ya nduk, sesuk yen preinan mesthi takjak dolan bebarengan sakaluwarga.”. Aku ora marem karo jawabane bapak, sebab aku isih rada ora ngandel. Pas arep turu, aku kelingan kanca-kancaku kang padha crita preinane wingi. Kaya Sinta kang diajak bapakke marang TMII, utawa Tami kang dolan menyang Gembira Loka.
  Wayah preinan teka, aku ndonga muga-muga apa kang dadi kekarepakku bisa dadi nyata. Isukke ora ana kang owah saka omahku, aku ngrewangi ibuku ana ing dapur. Banjur resik-resik omah kanthi tutuk kang mecucu lan rai kang mbesengut. Bapakku kaya lali karo apa kang dingendikakake wingi lan tetep tindak kerja. Nanging sakdurunge budhal bapakku kang ngerti yen aku nesu karo mesem ngendika, “mengko sore takjak dolan ya nduk.” Aku mung mesem kecut.
  Sore wayah bapak kondur nggawa pancingan lan methuk aku banjur bapak ngendika “Ayo melu bapak!”. Aku diajak bapak mancing ana ing Kali Serayu. Ana ing kono aku banjur gemuyu lan mesam-mesem wae. Senajan ora oleh iwak kang gedhe tapi aku tetep seneng.
  Mancing kaya mengkono kelakon telung dina. Sesuke aku diajak muter-muter ing kutha marang bapak nganggo becak. Diajak ana ing Perpustakaan Daerah sebab bapak pengin aku bisa luwih seneng maca. Pokoke preinan  mau dienggo aku lan bapakku seneng-seneng senajan ora dolan ing panggonan kang adoh kaya kanca-kancaku. Wayah sekolah teka, ak wis ora isin maneh yen kancane padha crita wektu preinane sebab aku ya duwe preinan kang nyenengake lan apik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar