Jumat, 08 Juni 2012

Resensi Buku "Kitab Jawa Kuno" Bageyan "Serat Purwakanda"


Serat Purwakanda


Irah-irahan Buku : Kitab Jawa Kuno
Pengarang : Dr. Purwadi, M.Hum.
Penerbit : Buku Pinus, Yogyakarta
Cetakan : VI, September 2009
Cacah Kaca : 414
ISBN : 979–99008–5-9
“Panji sampai di tempat kediamnya sendiri, ia minta nasehat prsanta ( di sini tiba9tiba disebut Ki Lurah Cakrajaya ) mengenai usaha pencarian. Karena bingungnya, Panji jatuh pingsan. Saudara-saudaranya yang lain yang juga hadir, mencoba menyadarkanya kembali. Onengan menangis karena terkejut. Sang raja, yang mendengar kejadian itu, pun datang ke tempatkediaman Panji, bersama kakaknya, Kili-Suci. Ia menanyakan keadaan putranya, Prasanta menjawab, “ Ah, biasa saja, memang kalau dia sedih, dia jatuh pingsan.”.”
Kitab menika ngandaraken 14 kitab kuno sastra klasik inggih punika Serat Purwakandha,  Serat pulo Kencana, Serat Panji Asmara Bangun, Serat Nagri Ngurawan, Serat Tawang Gantungan, Serat Niti Praja, Serat Waskithaning Nala, Serat Paniti Sastra, Serat Pamrayoga Utama, Serat Nirata Praketa, Serat Kridhamaya, Serat Niti Sruti, Serat Arjuna Wihaha lan Serat Tripama. Kitab punika boten namung pitutur babagan “sasmitaning urip” nanging babagan “lampahing urip” ugi. Isi saking kitab menika nggajak kita supados tetep mandang urip kanthi samestine.
Serat Purwakanda punika cariyos babagan lampahipun Kerajaan Jenggala Manik. Wiwit saking dipunbangun ngantos owahipun rajane. Lan kados pundi lampahipun Panji Inu Kertapati kagem nggayuh gelar raja. Sejatosipun katah paedah ingkang saged dipunpundhut, wiwit saking usahanipun Panji Inu Kertapati dumugi dalan ingkang dipunagem dening Prasanta lan Sadulumur kagem ngrampungaken prakara ing cariyos kasebut.
Nanging basa ingkang dipunagem dening pengarang wonten ingkang boten saged dipunpangertos, lan wonten saperangan tembung ingkang asing ananging boten wonten rujukan kagem maknanipun. Sebab kitab niki terjemah dados susunan ukaranipun kathah ingkang boten trep.
Sanajan basa ingkang dipunagem boten gampil dipunpahami, ananging kita kedah kagungan buku punika, sebab kathah falsafah urip tiyang jawa ingkang saged dipunpundhut ing jeroning cariyos wau. Lan supados kita generasi mudha mengertos babagan kearifan lan kabijaksanaan para sesepuh kita sedaya. Supados kita mengertos babagan lumampahing urip anut wirama lan nuting jaman kelakone, sarta ora grusa-grusu nglakoniurip ananging langkung rasional lan kedah gadah sikap ksatria.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar