Senin, 12 Mei 2014

Naskah Kethoprak Ngaku Pahlawan



Ngaku Pahlawan

Adegan 1
(Backdrop putih + proyektor menampilkan siluet mimpi Menak Jingga)

Minak Jingga ngimpi Kencanawungu. Tresnane ditampik, tangi saka turune dheweke sumpah yen Praja Majapahit bakal digawe karang abang.
Perang antara Blambangan dan Majapahit

Adegan 2
Adegan joglo regol ngarep , emban dan Anjasmara
Emban jogedan terus percakapan seperti Rara Kembang Sore. Anjasmara mlebu.
Emban 1: Sajake kok radi goreh penggalihe wonten napa raden ayu?
Emban 2: 2013 kok taseh galau, kula mawon meh STMJ mboten napa-napa…
Emban 1: STMJ kie apa?
Emban 2: Semester tujuh masih jomblo…
Anjasmara: Iya yung, pancen ya aku ki mikir, upama ayam ngono wis wayahe ngedu… wis cukup umur kok durung ana priya kang mengku aku dadi sisihane.
Emban 1: Ah, menika perkawis gampil den ayu. Menawi mboten wonten mangke laporan mawon kaleh Mas mariyanto mawon mboten napa-napa, mangke kantun reginipun pinten.
Anjasmara: Apa kuwi???
Emban 2: nah niku hp kula niku ndra..

Damarwulan mlebu joglo
Damarwulan : Bocah ayu, yen tak deleng saya suwe saya nengsemake. Bocah ayu sapa jenengmu? Ramamu ana apa ora?
Anjasmara; (Terpesona) O, dadi prelune sampeyan menika madosi rama napa madosi kula?
Damarwulan: Kuthuk marani sunduk, ya sisandene pethuk awakmu sisan nembung ramamu.
 (Emban&pengikut masuk)
(Damarwulan menyuruh emban 1 membeli pulsa, kemudian menyuruh emban 2 memanggil Patih Lugender)
(Adegan Andre Taulany)
Patih : Anjasmara! Dadi wong wadon aja lenjeh gampang kapinut esem manis njur gemregel.
Anjasmara: mboten rama, menika namung gegujengan kemawon
Patih: Ana bocah lanang wani tranyak-tranyak mlebu regol kepatihan, sapa jenenge lan ana wigati apa?
Damarwulan: Kepareng matur, punapa Paman Lugender pangling kaliyan kula? Kula menika Damarwulan, anakipun kinasih Rama Udara.
Patih: Oh iya! Sing mbiyen cilik methekil, iteng, . . .  urip meneh, Ya ya ya ngerti aku! banjur ana wigati apa? Njas, bocah lanang iki jebul kakangmu anak dulur, dadi ya iki kangmasmu!
Anjasmara : aduh . . . kangmas Damarwulan (mendekati damarwulan)
Patih : Loh lo lo loh rene, kok banjur nemplok sajak kepelet.

Patih Logender        : Lan, pancen aku isih tiba bapakmu cilik. Ora usah ewuh lan pakewuh. Niyatmu teka ing dalem kepatihan kuwi mung tuwin kawilujengan sadulurku lan paman, apa pancen ana bab kang wigati?
Damarwulan        : Inggih, kepareng matur. kaping sepisan kula tuwin kawilujengan paman sakulawangsa…
Patih Logender        : ya cah bagus, Bagas waras kahanan ing kene padha slamet. Dadi  bungahing manahku dene kowe iseh eling marang paman ing Majapait. Banjur kepriye kabar bapakmu, Lan?
Damarwulan        : Nggih pangestunipun paman, mboten kirang setunggal menapa. Angka kalihipun kula wanton tranyak-tranyak saking dhusun dumugi kutha majapait menika awit kula betahaken pedamelan kagem gesang ing bebrayan agung menika, paman.
Patih Logender        : Golek gaweyan, Lan? Aduh… Ngapurane ya, Lan, nek kowe golek gaweyan ing dalem kepatihan wis ora ana pagaweyan kanggo kowe, Lan.

Prajurite Damarwulan ngajak mulih.

Anjasmara        : Aja kesusu kakang. Aja bali dhisik kakang!
         (Malik tingal) Rama.. (karo ngrayu)
Patih Logender        : Anjasmara!
Anjasmara        : Dhawuh Rama…
Patih Logender        : Sedulurmu Damarwulan kuwi perlune golek gaweyan ning dalem kepatihan wis ora ana gaweyan, ben golek gaweyan sakliyane.
Anjasmara        : Kanjeng Rama… Kepareng matur, menapa kanjeng Rama mboten was sumelang menawi ing tamansari kepatihan menika mangke dipunrawuhi dening pawongan ingkang mboten tepang kados kala wau, Kanjeng Rama.
Patih Logender        : Oh iya ya, banjur…
Anjasmara        : Nah… Wonten pedamelan kagem Kakang Damarwulan ing dalem kepatihan menika kanjeng Rama.
Patih Logender        : Gaweyane, gaweyan apa, Njas?
Anjasmara        : Napa panjenengan kesupen? Mangka regol kepatihan punika dereng wonten ingkang njagi, Rama. Satemah Kakang Damarwulan saget lumebet dateng tamansari.
Patih Logender        : Walah... iya jere, Njas.
Anjasmara        : Lha nggih.
Patih Logender        : Rama kalepyan jere Njas.
Patih Logender        : Lan, iki ana gaweyan  kanggo kowe ning mung njaga regol, ngerti? Tukang njaga regol kuwi wis paham? Ngerti?
        Ngene yen pancen kowe wis saguh, lha kuwi pancen kanggo jaga-jaga merga saiki kahanan Majapahit lan ing Blambangan lagi ayun-ayunan perang. Mula aku nampa kowe kang supaya mbagekake tamu kang bakal mlebu anan ing dalem kepatihan. Ning umo dipumo nek ana sabdane sapa wae arep mlebu ing dalem kepatihan tanpa nganggo tapak asmane Patih Logender kuwi wenang dibalekake lan ora dikeparengake lumebu ya, Lan.
Damarwulan        : Nggih, Paman. Matur sembah nuwun sanget. Sampun cetha lan gamblang. Lajeng benjang punapa anggen kula ngayahi jejibahan menika?
Patih Logender        : Saiki to!
        Anjasmara, derekna Kakangmu menyang senthong kidul kae!

Damarwulan lan prajurite pamit mulih
Anjasmara        : Ayo ayo kakang, dakderekake. Sampeyan ora usah kuwatir dalan iki mengko yen dilakoni bareng-bareng bakale enteng.
Adegan 3

Prajurite Damarwulan lagi kandhahan ing regol. Layang Seta lan Layang Kumitir teka.
Nalika Layang Seta lan Layang Kumitir arep mlebu diadhang dening prajurit.

Prajurit 1        : Mandeg! Kisanak kekaleh menika sinten? Lan badhe wonten perlu menapa?
Layang Seta        : Yen kowe durung ngerti, dirungokake. Aku Raden Mas Layang Seta.
Prajurit 1        : Raden Mas Layang Seta ki sapa? Ngertiku Layang gadaian pit montor.
Layang Kumitir        : Wis ora usah cligis! Yen kowe durung krungu wong sing kondhang, Raden Mas Layang Kumitir. Aku arep mlebu! Wis sumingkira! Aja ngalang-ngalangi aku!

Prajurit, Layang Seta lan Layang Kumitir kandhahan ora cetha.

Layang Kumitir        : Minggir!
Prajurit 2        : Lho minggir, arep nyang ndi?
Layang Kumitir        : Bali menyang kepatihan!
Prajurit 1        : Sik, sik. Kowe ki bisa ngomong bali nyang kepatihan, kowe ki sapa?
Layang Seta        : Aku putrane rama Patih Logender ingkang minulyo ing jagad.
Prajurit 1        : Hahaha… Aja ngaku-ngaku, Cah Bagus. Sing dak ngerteni, dak weruhi, putra kepatihan iki mung siji, estri sing jenenge Den Ayu Anjasmara.
Layang Seta        : Putra kepatihan ki ana telu, Anjasmara, aku Raden Layang Seta lan rayiku Layang Kumitir.
Prajurit 1        : Heh Layang Seta, Layang Kumitir, apa buktine yen kowe ngaku putrane Gusti Patih Logender? Sing baku, yen kowe sakloron ora bisa nuduhake tandha tangane Gusti Patih Logender, ora bakal bisa mlebu.
Layang Kumitir        : Wis, suthik aku! Wawan catur karo andahan. Saiki ndi sing dadi pandekare jaga regol?

Prajurit 1 ngundang Damarwulan. Damarwulan metu.
Damarwulan        : sajak ana regejegan ing jaban regol, ana apa, Tra?
Layang Seta        : Ooo, iki ta pendekare jaga regol? Yen kowe durung ngerti aku, aku iki Layang Seta lan iki adhiku….
Layang Kumitir        : Raden Mas Layang Kumitir 3x
Layang Seta        : Putra daleming kepatihan.
Damarwulan        : Nuwun sewu kisanak Layang Seta dalah Layang Kumitir.
Layang Seta        : Loh, njangkar kowe! Raden Mas! Sepisan meneh Raden Mas Layang Seta lan Raden Mas Layang Kumitir!
Damarwulan        : Nggih… mboten ateges kula nyahak punapa ingkang dados pikajengan panjenengan, badhe lumebet wonten ing dalem kepatihan. Nanging taksih cetha lan gamblang, sinten tiyangipun mboten dikeparengaken lumebet wonten kepatihan menawi mboten ngagem tapak asmanipun Gusti Patih.
Layang Seta        : Dadi cethane kowe ngugemi maring paugeran “sapa wae yen mlebu dalem kepatihan kudu nganggo tapak asmane rama Patih Logender?”
Damarwulan        : Inggih leres!
Layang Seta        : Yen kaya ngono bakal tak tuduhake tapak asmane rama Patih Logender. Yen kowe pengin ngerti tapak asmane Patih Logender, ya iki! (Ngantem Damarwulan)

Layang Seta gelut karo prajurite Damarwulan
Layang Kumitir gelut karo Damarwulan. Layang Seta lan Layang Kumitir dikalahake Damarwulan.
Patih Logender teka ing regol.

Patih Logender        : Ta, Tir, (Karo ngongkon Layang Seta lan Layang Kumitir pindah ing sisih kiwane). Kok nganti padha regejegan karo Damarwulan, iki sabab lan musababe apa?
Layang Kumitir        : Sebabipun saking kalepatanipun si kampret menika.
Patih Logender        : Lupute maggon apa ta?
Layang Kumitir        : Salebetipun kula wangsul saking ketegalan badhe lumebet dalem kepatihan, boten dipunkeparengaken kaliyan si kampret Damarwulan wau.
Patih Logender        : Lha kuwi ya blaka ta, Tir. Yen kowe kuwi anak Patih Logender kang kawentar sakindenging jagad Majapahit rak kaya ngono ta, Tir.
Layang Kumitir        : Sampun boten kirang-kirang, namung kampret Damarwulan panggah boten pitados.
Patih Logender        : Oooo.. Nganti dadekake pasulayan, cengkah. Sing salah iki kowe, Lan.
         Seta lan Kumitir kuwi anake Patih Logender, nanging kowe kok isih ora percaya. Disawang wae rak ya memper ta. Pakulitane kuning, nemu giring, ganteng dedege gedhe dhuwur kaya aku Patih Logender. Kae Seta lan Kumitir kuwi ya anakku.
Damarwulan        : Waduh, kula mboten mangertos. Kepareng matur ndoro Patih. Sedaya tumindak kula, kula namung nuhuni dhawuh ingkang dhumawuh saking pangandika panjenengan. Menawi kula ngeparengaken Den Mas Seta dalah Den Mas Kumitir lumebet wontening kepatihan, saged kula winastan salah sawijining abdi ingkang nglirwa jajaran. Awit kekalihipun mboten saged nedahaken tapak asmanipun Gusti Patih.
Patih Logender        : Ooo, iya ya… Dadi kowe mung ngugemi apa sing dadi dhawuhku, Lan? Bener! Bener Lan!
Layang Seta        : Nuwun sewu, kanjeng Rama… kejawi saking menika, menawi piyambakipun boten pitados, menawi kula putra patih nagara Majapahit, kedahipun mangertosi sandhang utawi ageman kula.
Patih Logender        : Lha iya! Kudune kaya ngono.
Layang Kumitir        : Punika tiyang ndesa, Rama. Wani ndumuk dhateng mustaka kula menika ateges piyambakipun ngina dhateng Layang Seta punapa dene Layang Kumitir.
Layang Seta        : Nggih, Rama. Prayoginipun kampret menika kapidana mawon.
Patih Logender        : Ooo, iya iya..
        Lan, gelem ora gelem, Damarwulan tak luputake. Ta, Tir, pidana apa sing kudune dipatrapake karo si Damarwulan?
Layang Seta        : Rama, pidana ingkang murwat dhateng Damarwulan, ingkang sepisan dipuncopot lungguhanipun minangka tukang jaga regol.
Patih Logender        : Sah!
Layang Seta        : Ingkang angka kalih, dipundadosaken pekathik mawon. Ngurusi telek-telek jaran!
Patih Logender        : Ya, cocok!
        Lan, sepisan kowe dakjabel kalungguhanmu minangka tukang jaga regol. Kaping pindhone, kowe bakal dakwenehi pakaryan liya, dakangkat minangka pekathik kepatihan, tukang ngingoni jaran. Saguh ora saguh, kudu dilakoni!
Layang Seta        : Yen perlu boten amung punika, agemanipun dipunlucati sedaya.
Patih Logender        : Ben ana bedane endi anak patih, endi abdi.

Damarwulan klambine dilucati dening Layang Seta lan Layang Kumitir. Damarwulan nuli lunga.

Patih Logender        : Ta, Tir, dirajaniti diawat-awati  yo nek ditindakna, nek ora ditindakna dijerokake pidanane.
Layang Seta lan Layang Kumitir lunga.

Prajurite Damarwulan lagi babati suket karo omong-omongan karo Damarwulan. Anjasmara teka nggawa panganan lan ombenan, banjur Anjasmara omong-omongan karo Damarwulan. Ujug-ujug Layang Seta lan Layang Kumitir teka banjur ngamuk. Patih Logender nengahi Damarwulan, Layang Seta lan Layang Kumitir. Patih Logender ngajak lunga Layang Seta lan Layang Kumitir.
Adegan 4

Ing pasewakan

Kencana Wungu        : Paman Patih Logender dalah Paman Sindureja..
Logender& Sindureja    : Sabda katimbalan dalem Sang Juwita Putri.
Kencana Wungu        : Saklebeting ingsun mempen semedi, ingsun pikantuk wangsiting jawata Kang Linuhung, bilih ingkang saged mbrasta memalaning praja ing Majapahit sakmenika namung pawongan kang aran Damar Sasongko. Wangsit punika paring pitedah bilih ingsun ugi kedah nyuwitani minangka sisihaning Damar Sasongko, Paman.
Paman Sindureja        : Punten dalem sewu, Sang Juwita Putri. Damar Sasongko?
        Menawi mboten klentu pamawas kula, kula nate sowan dhateng kepatihan. Kula lajeng pitepangan kaliyan nem-neman ingkang njagi ing regol kepatihan menika. Menawi mboten klentu asmanipun Damarwulan. Taksih kaponakanipun kakang Patih Logender. Mbok bilih ingkang kawastanan Damar Sasongko menika inggih Damarwulan.
Patih Logender        : Sang Juwita Putri, kepareng matur, Damarwulan menika pancen kaponakan kula nanging saking dhusun. Pucuk gunung. Malah wekdal sakmenika sampun dados anak mantu kula. Kula kok mboten pitados menawi Damar Sasongko menika Damarwulan.
Patih Sindureja        : Nuwun sewu Kakang Patih Logender. Pancen mboten wonten katrangan ingkang gumathok bab sinten menika Damar Sasongko. Ananging mboten wonten klentunipun menawi Damarwulan katimbalan marak sowan dhateng pasewakan ageng menika.
Patih Logender        : Loh, Dimas Sindureja! Kowe aja trunyak-trunyuk wani mrentaj aku nyowanake Damarwulan ing kene. Iki wewenange Sang Juwita Ratu lho..
Kencana Wungu        : Nggih, sampun. Ampun dados pasulayah. Menawi mekaten, Damarwulan utawi Damar Sasongko sampun mapan wonten ing dalem kepatihan?
Patih Logender        : Sampun…
Kencana Wungu        : Panjenengan minangka warangka wontening praja Majapahit, kula nyuwun kanthi sanget Damar Sasongko panjenengan sowanaken.
Patih Logender        : Nggih, ngestukaken dhawuh ingkang dhumawuh Sang Juwita Putri.. Kepareng kula medal wonten ing paseban njawi.
Kencana Wungu        : Nah.. Rak ya ngoten…

Patih Logender lunga. Patih Logender mlebu karo Damarwulan, Layang Seta lan Layang Kumitir.

Kencana Wungu        : Punika ingkang asmanipun Damar Sasongko?
Patih Logender        : Inggih leres.
Kencana Wungu        : Damarwulan, coba lungguh ira kepara maju sithik
        (Damarwulan maju njejeri Patih Logender)
Kencana Wungu        : Damarwulan, krantinen sawetara bakal ana jejibahan kang daksampirake ing pundhak ira. (Kencana Wungu mlebu njupuk layang banjur diwenehake Patih Logender, Damarwulan jengkeng, Logender nembang maca surat)
Patih Logender        : Dhawuh tinimbalan dalem Diah Ayu Sang Juwita Putri Kencana Wungu ing Majapahit.
        (nembang) Kangmas Damarwulan kang supados maju suraning ndriya ngrangkit Dipati Minakjingga ing Kadipaten Blambangan atas nama ratu Kencana Wungu. Lan, Damarwulan ken supaya ngrampungi tumindake urubisma Minakjingga. Lah nek kowe ora saguh, ben kadangmu sing lunga perang.
Damarwulan        : (Nembang: saguh nampa jejibahan)





Damarwulan banjur lunga, pasewakan bubar, Sang Juwita Putri mlebu datulaya.
Mung ana Layang Seta, Kumitir, lan Patih Logender gawe siasat.

Layang Seta        : Duh, Rama… Badhe cabar pangangen-angen kula dados narendra ing Majapahit.
Layang Kumitir        : Boten badhe kelampahan dados narendra nagara Majapahit punika gagal wikal saestu.
Patih Logender        : Ya gene?
Layang Kumitir        : Menawi Damarwulan saged mejahi urubisma Minakjingga, pun Layang Seta punapa saged kalampah dados narendra ing Majapahit?
Patih Logender        : Hehehe (ngguyu licik) Ramamu iki pikirane pitulikur manungsa. Pabrik siasat, gudhang akal.
         Carane ngene (terus ngrisiki Layang Seta lan Layang Kumitir) Tindakna!

Layang Seta lan Layang Kumitir lunga.


Adegan 5
Adegan ing Blambangan. Waita lan Puyengan lagi njagong.
Emban njoget
Emban 1    : Sek! Sek! Sek! Kae lho ketoke ndarane kok lagi sedhih.
Emban 2    : Lho, apa ta apa?
Emban 1    : Ayo ta dihibur…
Emban 2    : Ah, wegah!
Emban 1    : Lho, piye ta? Dhewe ki wong jawa, kudu pinter olah rasa!
Emban 2    : Lho, Aku iki wis pinter ngolah rasa, rasa spagetty, rasa humberger, rasa pizza, sing paling penting rasah kakean cangkem!
Emban 1    : Masya allah, mangke didukani bapak kaji mokamad agung!
    Eh, malah tekan ndi-ndi! Ayo dihibur ayo!

Waita        : Diajeng Puyengan, kepriye rasaning atimu sawise awake dhewe dijlomprongake ing Tamansari Regol kene.
Puyengan        : Rasane kula nggih kasiksa banget  jiwa raga kula kangmbok.
Waita        : Dadi kowe rumangsa kasiksa? Yen ngono padha karo sing dakrasake. Ngene wae, Diajeng, kangmbok arep nganakake sayembara. Intine ngene, sapa sing bisa nggawa awake dhewe metu saka papan kene, nek wadon arep takdadekake sedulur sinarawedi, nek kakung ayo bareng-bareng disuwitani, Diajeng.

Damarwulan mlebu
Damarwulan        : Aku bakal melu sayembaramu.
Waita        : Nuwun sewu kakang, Panjenengan punika sinten? Wonten njawi Regol sampun kajagi kanthi permati kok panjenengan saged lumebet dhateng tamansari. Nembe sepisan kula mangertosi panjenengan.
Damarwulan        : Hehehem… Yen kowe sakloron pengen ngerti, Aku Damarwulan, Senopati saka ing Praja Majapahit. Banjur sliramu sapa?
Waita        : O… Senapati saking Majapait… Tepangaken kula Waita lan menika adhi kula Puyengan.
Puyengan        : Kangmbok, sajakipun dedonga kita dipunmirengaken Sang Hyang Widhi. Mukal! Wonten pawongan saged lumebu wonten ing Tamansari kamongko mboten kadengangan dening para nayaka praja Blambangan.
Damarwulan        : Heheheh.. Waita lan Puyengan, aku wis krungu kabeh apa kang dadi pangudarasaning atimu. Atimu sakloron mau kasiksa kasela ana ing Tamansari Regol. Merga kabeh tumindak lan pakartine urubisma Minakjingga, mula kuwi aku saguh, nanging sadurunge aku nyaguhi apa kang dadi penggayuhmu, aku bakal nodi marang slira sakloron. Gelema sliramu sakloron paring pambiyantu marang aku? Merga saka sektine urubisma ya Minakjingga, kabeh para nayaka, para senapati Majapait padha gugur ing ngalaga, merga dheweke kacundhukan dewaning pusaka kang aran pedang Kuntosukoyonan lan Gada wesi kuning. Awit saka kuwi, aku ngersakake pusaka kuwi. Awewaton sliramu sakloron bisa mujudake apa kang dadi panjalukku, aku bakal saguh dadi sisihanmu.
Waita        : Dados kula kedah nyidra pusakane urubisma? O nggih, dipunrantas sawetawis kangmas. Ayo, Diajeng!

Waita lan Puyengan mlebu njupuk pusakane Minakjingga.
Waita Puyengan menyerahkan pusaka pada Damarwulan

Damarwulan        : Waita! Puyengan! Wus kasil anggonmu andum gawe.
        Kelakon aku duweni pusaka sakloron.
Puyengan        : Kangmas, punika wujudaning pusaka Gada wesi kuning lan pedang Kuntosukoyonan. Mangga! Kula aturaken, kula pasrahaken jiwa lan raga kula.


Minakjingga mlebu

Minakjingga        : eeita . . . Uyengan! Ladenana aku kang anadhang wuyung marang juwita Putri Kencot Ungu. Loh . . . ! Kepalat! Kowe iki capa? Kok isa ana ing Taman Sura Regol kene?
        Waita! Puyengan! Kowe ceding! Kowe celingkuh!
Damarwulan        : hahaha… Yen kowe pengen ngertyi aku, aku senapati saka majapahit. Damarwulan jenengku. Pancen daksengaja lungaku saka nagara Majapahit. Sedyaning atiku arep mungkasi nyawamu Minakjingga. (pamer wesi kuning)
Minakjingga        : Lhoh, Gada wesiku ning tanganmu. Lan, coba kowe balekna, bojoku mbok kowe peken kabeh. Ikune takjaluk. Kepalat kowe Waita Puyengan! Ana dom cumulum ing banyu, mucuh dalam celimut! Wis ora dadi teman dalam celimut maneh.
Damarwulan        : Nyoh! (Karo ngantem Minakjingga nganggo Gada wesi kuning nganti Minakjingga tumbang/ambruk)
Perang
Minakjingga        : Ampun! Ampun, Lan! Aku ngaku kalah, kanggo tandha takluking Blambangan malang Majapait, dakpasrahake kulukku, Lan... Kejaba kuwi, dakpasrahake bojoku lolo kae minangka putli boyongan, ning aja mbok pateni aku, Lan.. aku wis kalah..
Damarwulan        : Iya! Minangka jejering satriya ora pantes paring pidana marang mungsuh kang ora duwe daya. Apa maneh sliramu wus masrahake sigaraning nyawamu, Waita apadene Puyengan dadi putri boyongan. Sabanjure kabeh bakal dakaturake marang Sang Juwita Ratu Kencana Wungu ing Majapait.
Waita & Puyengan        : Sapunika kula pasrah jiwa raga kula  dhumateng panjenengan.
Damarwulan    : Waita lan Puyengan, sira dak kanthi munggah ana ing Praja Majapahit saperlu dadi paseksen yen bumi Blambangan wus takhluk marang Majapait.
Waita & Puyengan    : Mangga... mangga.


Adegan 6

Damarwulan        : Kabeh para prajurit diajeng Waita lan Puyengan becike awak dhewe sumene sawetawis ana ing papan kene. Besok yen wancine bagaskara mlethek banjur dibacutake maneh tumuju marang Majapait.
Waita Puyengan        : Nggih, kakangmas… Kula namung sendhika ngestukaken dhawuh.
Damarwulan        : Iya, yen pancen kaya mangkono becike sliramu sakloron padha lerem ana ing tendha nayoko wae.
(Layang Seta Layang Kumitir mapag) 
Layang Seto        : Kangmas Damarwulan
Damarwulan        : Lhoh! Dhimas Layang Seto…
Layang Seto        : Iya kakang, tekaku ing papan kene kaparingan dhawuh saking Juwita Ratu saperlu mapag panjenengan. Kados pundi cariyos anggenipun panjenengan mangolah perang wonten ing Blambangan?
Damarwulan        :  Pangestumu, Dhimas. Pun kakang bisa mbingkas karya naklukake uribisma.
Layang Seta        : Punapa saget kelampahan?
Damarwulan        : Iya, Menakjingga wus kelakon dakrangket malah kepara dheweke masrahake kuluke minangka tandha takluking Bumi Blambangan marang Majapait.
Layang Seta        : Menika Kulukipun Minakjingga? Dalah keleresan kangmas, kula kapurih mapag lampah panjenengan kondur wonten ing Majapahit. Mangga kangmas, enggal-enggal kula dherekaken bidal wangsul dhateng praja Majapait.
Layang Kumitir        : Kakang Layang Seta… Bungah menika sah kemawon, nanging kedah niti priksa kawontenan. Sakmenika sampun lumengser ing wengi para nayaka, para prajurit ugi sampun sayah, prayoginipun dalu menika enggar-enggar manah kemawon. Sinambi ngunjuk tirta wening satemah agawe beninging pikir. Benjang kemawon, anggenipun nglajengaken lampah dhateng praja Majapait.
Damarwulan        : O... Iya, becike pancen kaya ngono, dhimas..
Layang Kumitir        : Mangga, sampun kula sumektakaken tirta wening saksurunganipun.
Nalika Damarwulan ngunjuk, diracun banjur ditelikung keris.

Layang Seta    : hahahha… Jebul suwe mijet wohing ranti, Damarwulan dakracun dakperjaya. Pancen tokcer tenan pamikirane kanjeng rama Logender. Ayo dhimas, enggal-enggal awak dhewe budhal menyang praja Majapait nyangking kuluke Minakjingga. Ngaku yen awak dhewe sing bisa mbengkas reretuning praja Majapait.

(tembang Asmaradana, Damarwulan saat sakaratul maut mengingat saat Damarwulan pamit kepada Anjasmara sebelum berangkat perang. Kemudian terdengarlah suara Patih Udara yang memberikan kekuatan sehingga Damarwulan pulih kembali)

Patih Udara        : Putraku Damarwulan, ora pantes lamun ksatria turune sadalan-dalan kaya ngono.Tangia, tangia!
Damarwulan        : Duh kanjeng Rama... Rama Udara kenging menapa panjenengan, nambe sakmenika paring atur dhateng kula? kula badhe minggah ing Majapahit.
Damarwulan lunga.
  
Adegan 7
Pasewakan

Layang Seta        : Kula ingkang sowan
Kencana wungu        : Layang seta, Layang Kumitir ana kawigaten apa dene sliramu sakloron ora ingsun timbali, marak sowan ing ngarsa ingsun?
Layang Seta        : Kepareng matur, ingkang kaping sepisan micaos kabar lelayu.
Kencana Wungu        : Kabar lelayu? Sapa sing tumekaning pati?
Layang Seta        :Kangmas Damarwulan gugur ing Ngalaga, Sang Juwita Ratu.
Kencana Wungu        :Damarwulan murud kasedan jati?
Patih Logender        :  Wah, sida kelangan anak mantu iki, lha ora kowe belani, Ta? Tir?
Layang Kumitir        : Punten dalem sewu, Rama… Sampun kula belani kaliyan Kangmas Layang Seta. Malah Menakjingga sampun kula rangket lha menika makuthanipun minangka tandha takluking bumi blambangan marang praja Majapait.
Patih Logender        : ya ya ya, bagus! Bagus! Enggal dicaosake.. dicaosake….
Kencana Wungu        : Cobi...
Layang Seta nyaoskaken mustakane Menakjingga marang Kencana Wungu…
Layang Seta        : Menika Sang Juwita Ratu.
Kencana wungu        : Paman Patih Logender, menika leres bukti bilih Menakjingga sampun takhluk dhateng Majapait. Nanging paman, ingkang ndadosaken gumuning manah kula, kok wonten nggih jawata menika cidra?
Patih Logender        : Heheheh… Lha nyatane ngoten, sinuwun Juwita Putri. Kasunyatanipun ingkang saget mbingkas karya nakhlukaken Blambangan, nentremaken dhateng manahipun Ratu Majapahit , mboten Damar Sasangka, ananging anak kula Denmase Layang Seta lan Layang Kumitir..
Kencana wungu        : Menika sampun dados kasunyatan lan kula sampun nate paring dhawuh, sinten ingkang saged mbengkas reretuning Praja, menika ingkang badhe kula suwitani lan kajumunengaken narendra ing Praja Majapahit. Sarehing anak ndika ingkang saged mbingkas karya, ing kalenggahan menika Layang Seta badhe kula Jumenengaken Narendra ing Majapahit.

Kencana Wungu mudhun. Nalika Layang Seta arep manggon ing kursi, Anjasmara teka narik Layang Seta.

Anjasmar        : Apa? Kowe ora pantes dadi Narendra! Iki dudu kalungguhanmu!
Layang Seta        : Ya… Genea? Aku kang bisa ngrangket Menakjingga. Satemah nakhlukake Blambangan ing sakngisore Panji gula klapa Majapahit.
Kencana wungu        :  Mengko dhisik! Ana wigati apa Diajeng Anjasmara narik Layang Seta kang bakal nglenggahi dhampar keprabon?
Anjasmara        : Punten dalem sewu, Sinuwun Juwita Putri, awit ingkang saged mbingkas karya menika sanes kadang kula nem menika.
Kencana wungu        : Banjur sapa?
Anjasmara        : inggih kepareng matur, ingkang saged mbingkas karya nentremaken praja Majapait saking ontran-ontran blambangan mboten sanes namung Kangmas Damarwulan.
Kencana Wungu        : Nanging miturut ature kadangmu sakloron kuwi, Damarwulan wis tumekaning pati.
Patih Logender        : Anjasmara! Kowe aja gawe gara-gara! Iki ing pasewakan lho, ana ngendhi trapsilamu? Rama lingsem duwe anak ora duwe tata karma! Banjur yen bener aturmu, buktine apa? Genah Damarwulan wis tumekeng pralaya!
Anjasmara        : Kanjeng Rama… mboten ateges kula mbucal kasusilan saha tata krami, nanging kahananipun kula kedah tumindak ingkang kados mekaten.
        Duh, sang Juwita Putri, Kangmas Damarwulan taksih sugeng, menawi dipunkeparengaken badhe kula sowanaken wonten ing  ngarsa sinuwun.

Anjasmara lunga, Anjasmara teka karo Damarwulan, Waita lan Puyengan

Kencana wungu        : Damarwulan?
Damarwulan        : Dhawuh tinimbalan dalem sang Juwita Ratu.
Kencana Wungu        : Apa bener sliramu tumekeng pati nalika adu arep kelawan Uribisma?
Damarwulan        : Kasinggihan Juwita Putri. Nanging sedaya  kala wau awit saking pitulunganipun Waita dalah Puyengan inggih garwa selir Urubisma.
Kencana Wungu        : Yen ngono cetha, kang bisa ngrangket Uribisma ora liya ya mung sliramu? (Lungguh sawetara). Paman Sindureja..
Paman Sindureja         : Dhawuh  dalem Sang Juwita Putri.
Kencana Wungu        : Wonten kahanan ingkang kados mekaten ing praja Majapahit, Seta lan Kumitir menika ingkang ngaturaken bukti bilih Wurubhisma sampun takhluk dhateng Majapait, piyambakipun ingkang ngakeni yen ta ingkang mrantasi karya ngrangket Uribisma. Nanging kasunyatanipun, Damarwulan ugi matur piyambak, menawi ingkang saged ngrangket Urubisma  inggih Damarwulan. Pramila paman, kangge ngrampungi perkawis menika panjenengan  ing kalenggahan sakmenika kula angkat dados adyaksa wonten ing Praja Majapahit.
Paman Sindureja        : Oo nggih, ngestukaken dhawuh Sang Juwita Putri.
        Kakang Patih Logender!
Patih Logender        : Piye?
Paman Sindureja        : Rehning ing kalenggahan punika kula kawinisuda minangka adyaksa ingkang kedah ngadili perkawis menika…….
Patih Logender        : Sing dakjaluk ya madheg ana satengah-tengahing ati ya Cang. Sing salah disalahake sing bener uga dibenerake, ngono ya Cang?
Paman Sindureja        : Nggih, Adyaksa wonten kalenggahan punika badhe ngawontenaken kaputusan. Rehning Seta dalah Kumitir saged ngatur nyowanaken Makuthaning Menakjingga adipati saking Blambangan. Damarwulan sanajan ta ora nduwe bukti ning duwe saksi garwane Menakjingga. Mila menawi dipuntimbang menika sami. Ing ngriki adyaksa badhe mutusaken perkawis ngangem pranata enggal.
Patih Logender        : Banjur kepriye sing kokkarepake?
Paman Sindureja        : Ing ngriki damarwulan dalah Seta Kumitir kedah aben ajeng. Sinten ingkang unggul ing adon-adon menika ingkang saged kula pesthekaken minangka pahlawan majapahit.
Patih Lohender        : Dhasar pawadan adon-adon iki merga Menakjingga  kae wong sekti lho, Ta… Mula pranatan iki mung arep ngedu antarane kowe lan Damarwulan, kira-kira wani apa ora?
Layang Seta        : Ngaten, wekdal  kula ngrangket Menakjingga, kula kroyok tiyang kalih. Menawi  kula dipunaben ajeng kaliyan Damarwulan nggih kedahipun kula kroyok tiyang kalih.
Patih Logender        : Dadi kowe wani?
Layang Seta        : Nggih, kula tiyang kalih
Paman Sindureja        : Damarwulan ing adon-adon iki upama kowe dikroyok seta dalah kumitir piye?
Damarwulan        : Kula saguh!
Paman Sindureja        : Dikroyok bocah loro wani kowe?
Damarwulan        : Kula wanton!
Patih Logender        : Sik le, kandhane wong adu jago kae, kudu ana sing mbotohi, Lha nek aku ya genah mbotohi karo anakku dhewe.
Paman Sindureja        : Menawi ngaten kakang, Damarwulan wonten ngriki mung saijen kula ingkang dados botohipun Damarwulan.
Paman Logender        : Lha totohane, totohane ora angel-angel. Totohane  kuwi nek sing kalah bur manuk minggat.
Paman Sindureja        : Bur manuk, sing kalah minggat. Nggih ngoten.
Patih Logender        : Wani kowe, Lan?
Damarwulan        : Wantun…
Damarwulan gelut karo Layang seta,layang kumitir. Layang seta, Layang Kumitir kalah. Patih Logender ngetokake keris nagging dialangi Anjasmara,Waita lan Puyengan
Paman Sindureja        : Ajeng napa ndika? Lha kok perang anake kalah banjur malah nglega pusaka njur karepe piye?
Patih Logender        : Aku arep mbelani anakku.
Paman Sindureja        : Lha kok nglega pusaka
Patih Logender        : Iki saka guguping atiku, ora ngerti-ngertia rumangsaku sing tak unus pusakaku. Dadi aku ora arep mateni si Damarwulan.
        Ngene le. Wong kowe yawis ora kena dijago-jagokake mangka kudune kowe njunjung drajate rama. gandheng kowe sakloron kalah kelawan si Damarwulan totoane iki sing kalah bur manuk. Minggat! Hayo minggat! Minggata!
Layang seta, Layang Kumitir : Nggih Rama!
(Layang seta, layang kumitir, Patih Logender banjur lunga)

Paman Sindureja        : Kepareng munjuk atur Sang Juwita Ratu. Rehning kawontenan sampun wonten trontong-trontong karampungan, pramila panguaos kula unduraken wonten ngarsa dalem Sang Juwita Ratu kencana Wungu.
Kencana Wungu        : Iya Paman Sindureja. Wus cetha ing kalenggahan menika ingkang saged mbingkas karya boten sanes namung Damarwulan. Kanthi mekaten Paman, panjenengan ingkang dados paseksen bilih Damarwulan badhe kula suwitani lan badhe kajumenengaken narendra ing Praja Majapahit.

Kencana wungu mudhun. Damarwulan lungguh ing kursi/

order Oriflame

<a href="http://ecatalogue.oriflame.co.id/6834516?per=201405&pStartPg=" style="text-decoration : none;" > <img src="http://id.oriflame.com/catalog-images/brochure/in_ID/201405/14EB8F2CE7A2E0CD9B57BDE55DFBFB64D19B9958/1_s.jpg" border="0" style="width:120px;" alt="Oriflame Cosmetics "></img><p><font color="#333333" > </font></p></a> <p><a href="http://ecatalogue.oriflame.co.id/6834516?per=201405&pStartPg=" style="text-decoration : none;" ><font color="#333333" >Oriflame Cosmetics</font></a></p>

Kamis, 01 November 2012

Pendidikan Kewarganegaraan dan Gatra Politik


BAB I
PENDAHULUAN
A.    Latar Belakang
Manusia sebagai makhluk Tuhan yang dikaruniai kemampuan berfikir, berbahasa, berakal dan lain-lain akan selalu berusaha mempertahankan eksistensi dan kelangsungan hidupnya. Untuk itu manusia harus hidup berkelompok (homosocius) dan melengkapi dirinya dengan alat sebagai alat pendorong serta menghuni wilayah tertentu dan menguasai segala isinya.
Untuk menjamin kelangsungan hidup suatu bangsa demi negara diperlukan suatu konsepsi pengaturan dan penyelenggaraan kesejahteraan dan keamanan secara serasi dalam semua aspek kehidupan Nasional secara utuh menyeluruh berdasarkan pada filsafat bangsa dan wawasan Nasionalnya.
Keberhasilan Pembangunan Nasional akan meningkatkan Ketahanan Nasional dan sebaliknya Ketahanan Nasional yang tangguh akan mendorong Pembangunan Nasional dalam segala aspek kehidupan Nasional guna mencapai tujuan Nasional.
B.       Rumusan Masalah
1.      Apa yang dimaksud Ketahanan Nasional Panca Gatra (khususnya dalam gatra politik)?  
2.      Bagaimana Pembinaan Ketahanan Nasional (khususnya dalam gatra politik) ?
C.    Tujuan Penulisan
1.      Menggali informasi tentang ketahanan nasional di tinjau dari PANCAGATRA (GATRA POLITIK)
2.      Untuk mengetahui bagaimana pembinaan ketahanan nasional (khususnya gatra politik).






BAB II
PEMBAHASAN

A.   PANCAGATRA
1.      Ketahanan Nasional Panca GATRA
Aspek sosial panca GATRA pada dasarnya berlandaskan hubungan manusia dengan Tuhan. Hubungan manusia dengan sesama, alam sekitarnya, maupun manusia dengan dirinya sendiri dalam bentuk kebutuhannya. Dengan dasar hubungan tersebut dapat dikelompokkan menjadi lima bidang ataupun lima aspek kehidupan Nasional yang disingkat Ipoleksosbud Hankam. Lima aspek kehidupan Nasional akan diuraikan konsep dasar dalam rangka mengembangkan kekuatan Nasional dalam menghadapi segala tantangan, ancaman, hambatan dan gangguan.
Pancagatra mencakup :
1)        Gatra ideologi
2)        Gatra politik
3)        Gatra ekonomi
4)        Gatra sosial budaya, dan
5)        Gatra hankam.
Namun kami hanya akan membahas gatra politik.
2.      Ketahanan Nasional dalam Bidang Politik
·         Politik
Politik adalah bermacam – macam kegiatan dalam suatu sistem politik (negara) yang menyangkut proses menentukan tujuan – tujuan dari sistem itu dan melaksanakan tujuan – tujuan itu. Untuk melaksanakan tujuan – tujuan itu perlu ditentukan kebijaksanaan umum yang menyangkut pengaturan dan pembagian atau alokasi dari sumber – sumber yang ada.
Untuk melaksanakan kebijaksanaan – kebijaksanaan itu, perlu dimiliki kekuasaan dan kewenangan yang akan dipakai baik untuk membina kerja sama maupun untuk menyelesaikan konflik yang mungkin timbul dalam proses tersebut. Politik mengandung beberapa aspek yaitu negara, kekuasaan, pengambilan keputusan, kebijaksanaan, dan pembagian atau alokasi. Politik selalu dihubungkan dengan masalah negara karena kekuasaan di dalamnya berpusat pada pemerintahan. Pemerintah akan menentukan sistem politik yang tepat untuk dilaksanakan dalam rangka mencapai tujuan Nasionalnya. Maka itu kehidupan politik dapat dibagi menjadi 2 sektor yaitu :
a)      Sektor masyarakat yang berfungsi memberikan masukan (input) berupa aspirasi atau tautan kebutuhan masyarakat.
b)      Sektor pemerintah berfungsi sebagai keluaran (output) yang berupa kebijaksanaan yang melairkan Undang-Undang, peraturan-peraturan yang merupakan Keputusan Politik.
Tingkat Ketahanan politik dapat diukur dari kemampuan suatu sistem politik dalam menghadapi dan menyelesaikan lima fungsi politik yaitu :
1)      Mempertahankan pola
2)      Pengaturan dan penyelesaian ketegangan
3)      Penyesuaian keadaan
4)      Pencapai tujuan
5)      Penyatuan sistem sosial.
·         Politik Nasional
Politik nasional adalah asas, haluan, usaha, kebijaksanaan dari negara dalam mencapai tujuan nasional. Hakikat politik nasional adalah kebijaksanaan nasional yang menjadi landasan serta arah bagi penyusunan konsep strategi nasional. Politik nasional itu meliputi :
a.       Politik dalam negeri. yang diarahkan kepada mengangkat, meninggikan, dan memelihara harkat dan potensi rakyat Indonesia yang pernah mengalami kemelaratan akibat penjajahan menuju sifat – sifat bangsa yang terhormat dan dibanggakan.
b.      Politik luar negeri yang bebas aktif. anti imperialisme dan kolonialisme dalam segala bentuk dan manifestasinya, mengabdi kepada kepentingan nasional dan amanat penderitaan rakyat serta diarahkan kepada pembuatan solidaritas antar bangsa terutama bangsa asia – afrika.
c.       Politik ekonomi yang bersifat swasembada atau swadaya dengan tidak berarti mengisolasi diri, tetapi diarahkan kepada peningkatan taraf hidup dan daya kreasi rakyat Indonesia sebesar – besarnya .
d.      Politik pertahanan keamanan, yang bersifat defensife aktif dan diarahkan kepada pengamanan serta perlindungan bangsa dan negara dari segala ancaman.
3.       Pengaruh Gatra Politik
Ketahanan Nasional gatra politik adalah sebagai kondisi dinamik bangsa Indonesia yang berisi keuletan dan ketangguhan yang mengandung kemampuan mengembangkan kekuatan nasional, dalam menghadapi dan mengatasi segala tantangan, ancaman, hambatan, gangguan dari dalam maupun luar, langsung maupun tidak langsung membahayakan kehidupan politik bangsa dan NKRI berdasarkan Pancasila dan UUD 1945.
Adapun pengaruh gatra politik terhadap kehidupan berbangsa dan bernegara, nampak pada situasi yang menggambarkan :
a.       Perkembangan politik dalam negeri Indonesia, baik dalam struktur, proses, budaya maupun komunikasi politiknya.
b.      Perkembangan politik luar negeri sebagai sarana pencapaian kepentingan nasional, poitik luar negeri sebgai integral dari strategi nasional, kejelasan garis politik luar negeri.
c.       Kondisi nyata ketahanan politik Indonesia. Untuk mewujudkannya diperlukan kehidupan politik bangsa yang sehat dan dinamis, yang mengandung kemampuan memelihara stabilitas politik yang berdasarkan Pancasila dan UUD 1945.


B.   PEMBINAAN KETAHANAN NASIONAL
Ketahanan nasional suatu bangsa dan negara akan kuat dan kokoh, jika dilakukan upaya pembinaan/pengembangan terhadap setiap bidang (gatra) secara terencana, terpadu, dan berkesinambungan.
Sehubungan dengan hal ini, pembinaan ketahanan nasional menggunakan pendekatan asta gatra (8 aspek) yang merupakan keseluruhan dari aspek-aspek kehidupan bangsa dan negara. Namun disini kami hanya membahas tentang gatra politik. Pembinaan terhadap asta gatra tersebut dapat dijelaskan sebagai berikut :
Pembinaan Gatra Politik
Politik adalah segala hal yang berhubungan dengan negara/kekuasaan (polis=kota, taia=urusan). Namun dalam arti luas, politik di artikan dengan cara atau usaha untuk mewujudkan cita-cita atau tujuan ideologi. Dalam pembahasan ini karena politik dikaitkan dengan ketahanan nasional, maka yang dimaksudkan adalah ketahanan sistem politik yang diartikan dengan : kondisi dinamik kehidupan politik suatu bangsa yang berisi keuletan dalam menghadapi ancaman yang dapat membahayakan kelangsungan hidup politik bangsa dan negara tersebut.
·           Ancaman gatra politik
Ancamannya terjadi jika sistem politik yang berlaku tidak dapat melaksanakan fungsi-fungsi pokoknya yakni fungsi integrasi dan fungsi adaptasi. Fungsi integrasi diartikan mempersatukan di antara komponen-komponen  politik yang ada, terutama antara pemerintah dengan masyarakat.
Sedangkan fungsi adaptasi adalah menyesuaikan diri dengan perubahan-perubahan yang terjadi di dalam masyarakat. Indikasi adanya ancaman terhadap sistem politik, antara lain jika berbagai bentuk ketidakpercayaan/ketidakpuasan masyarakat terhadap pemerintah semakin meluas.
·         Pembinaan yang harus dilakukan :
Kelemahan utama perkembangan sistem politik di negara-negara berkembang termasuk di Indonesia adalah terlalu dominan dan luasnya kekuasaan pemerintah (presiden) sehingga melahirkan berbagai bentuk penyelewengan kekuasaan dan keuangan negara (KKN). Hal ini sesuai dengan aksioma politik dari Lord Acton yang menyatakan : power tends to corupt and absolute power tends to corupt absolutely.
Karena itu upaya pembinaan yang utama terhadap gatra politik adalah bagaimana memberikan pengaturan dan pembatasan yang tegas dan jelas terhadap wewenang dan kekuasaan presiden serta memberdayakan pengawasan masyarakat (pers, LSM, parpol, dsb).


BAB III
PENUTUP
A.    Kesimpulan
Ketahanan nasional adalah upaya meningkatkan pertahanan dan keamanan bangsa dan negara pendidikan kewarganegaraan di perlukan untuk menanamkan kesadaran Hamkanas melalui pendidikan nasional yang pada akhirnya menumbuhkan keselarasan dan kemampuan  berfikir, bersifat dan bertata laku yang bersifat komprensif.

B.     Saran-saran
1.      Kepada mahasiswa yang memprogramkan mata kuliah pendidikan kewarganegaraan bisa lebih memperhatikan hal-hal mengenai ketahanan nasional.
2.      Kepada dosen pengampu mata kuliah pendidikan kewarganegaraan bisa memberikan koreksi mengenai penyusunan makalah ini.
3.      Kepada semua pembaca untuk dapat memberikan dan membandingkan pemahaman konsep ketahanan nasional dari sumber-sumber yang berbeda.